Sejarah Dumadine Desa Igirmranak
Igirmranak asale saka tembung “igir” kang ngemu teges “papan kang pereng” dene tembung “mranak” minangka jeneng saka “uwit kang bisa urip nganti gedhe lan dhuwur kanthi godhong ijo lonjong nanging ora patiya amba. Uwit mranak kalebu wit-witan gedhe, menawa wis gapuk lan banjur ambruk bakal thukul jamur ngebaki uwit mau, duweni rasa seje kabanding karo jamur-jamur liyane.
Kacaritakake ing jaman semana anane kadadean peprangan antarane Pangeran Diponegoro mungsuh Walanda dumadi tahun 1825 tekan 1830. Walanda ngoyak marang pandhereke Pangeran Diponegoro nganti tumeka leladan Wonosobo lan sekitare. Amarga akeh kang padha wedi mula banjur padha umpetan lan ngungsi kanthi sesidheman supaya ora dicekel dening tentara Walanda. Salah sawijining papan kanggo gungsi kang dirasa aman yaiku ing sekitare ereng-erenging Gunung Prau kang banget dawane nganti tumeka ing tapel wates wewengkon Kabupaten Pekalongan lan wewengkon Kabupaten Kendal. Papan kasebut dirasa trep lan jumbuh minangka papan kanggo umpetan lan ngungsi, amarga adoh saka desa-desa liyane. Perengan kang kiwa tengene jurang-jurang mau uga banget akehe wit-witan kayu mranak akhire dadi cikal bakale desa, ing rejehing jaman kasebut Desa Igirmranak.
Miturut pangandikane para winasis kang dadi sesepuhing desa, menawa Desa Igirmranak, Kecamatan Kejajar, Kabupaten Wonosobo, Propinsi Jawa Tengah madege udakara tahun 1825 tekan 1830. Nalika kuwi ana sawijining keluarga nanging emane tumeka saiki keluaga mau ora kadumungan sapa sejatine lan saka ngendi asale.
Keluarga mau padha ngungsi lan umpetan golek slamet amarga dioyak tentara Walanda. Sakwise dirasa aman banjur padha gawe omah rupa gubug kanggo ngeyob, suweneng suwe banjur mrenah mrenah nurunake dadi keluarga akeh tumeka saiki.
Tahun-tahun bacute saka turun temurune keluarga mau ana kang pinercaya dadi sesepuh utawa lurah ing Desa Igirmranak mau.
Wondene kang pinercaya nglenggahi lurah kapisan yaiku lurah Markum wiwitan tahun 1875 tumeka 1904. Wektu semana wargane udakara 10 kepala keluarga.
Lurah Markum lengser banjur jumeneng lurah Darus wiwitan tahun 1905 tekan 1926, wektu kuwi wargane udakara 30 kepala keluarga.
Lurah Darus purna, banjur kasusul lurah kaping telune yakuwi Suta Wijaya kang jumeneng mung rong tahun yaiku tahun 1927 tekan 1929 kanthi 35 kepala keluarga.
Kasusul lurah bacute yaiku Karto Dijoyo ya kasebut Mbah Glondhong, lurah urutan papat ing tahun 1930 tekan 1960 kepara cacahe kepala keluarga uwis dadi 60.
Lurah kang kaping lima yaiku Puspo Suwarno jumeneng tahun 1961 tekan 1975 kanthi kepala keluarga akehe 80
Wus purna lurah Puspo Suwarno sak banjure jumeneng lurah kang kaping enem yaiku Kahad jumejer uga mung rong tahun yaiku tahun 1976 tekan 1979 akehe kepala keluarga dadi 85.
Wolak-waliking jaman, tembung lurah akhire diganti dadi Kepala Desa utawa Kades, wektu kuwi kang jumejer Harjo Sutrisno yo urutan ke pitu madeg tahun 1980 tekan 1989 kanthi akehe 90 kepala keluarga.
Sak bacute jumejer Dulkohar minangka kepala desa urutan ke wolu tahun 1990 tekan 2006, nalika semana akehe kepala keluarga wus nyandhak 150.
Tahun 2007 kang mandhegani dadi kepala desa sak banjure yaiku Joko Tri Sadono nganti tumeka saiki, kepara dadi kepala desa kang kaping sanga.
Tahun mbaka tahun Desa Igirmranak tansaya tambah regeng, ngrembaka lan anja kanthi akehe penduduk kang kecathet ing tahun 2022 wus nyandhak 808 jiwa, lan bakal terus mundhak ngebaki leladan desa. Tundhone wus kudu duwe panjangka kang wasis lan punjul apunjung kanggo ngawekani bab-bab wigati mbutuhake lan daya pangreksa kita bebaregan kanggo kemajuane Desa Igirmranak.
Kanthi asesanti “Rumangsa Handarbeni Wajib Melu Hangrungkebi Mulat Sarira Hangrasa Wani”